Bahasa Jawa : “Ngoko lan Krama”

Bahasa Jawa : “Ngoko lan Krama”
NGOKO
      Tembung basa ngoko sejatine mung cekakan kanggo nggampangake pangrembug, tembung ngoko ono 2 yaiku:
      Wewatone basa ngoko
  1. Tembung-tembung sing kapilih apik lan prayoga:
    • Utomo/susila(normatif), sopan(etis), ora kasar/saru lsp.
    • Umum, dudu dialek/tembung nggon-nggonan
    • Sabisa-bisa nggunakake tembung jawa asli
    • Kabeh ngoko ora kecampur krama inggil, tumrap andhakan, ater-ater, nanging tetep panambange ngoko
  2. Pangrakiting ukara, gampang dimengerti, sabisa-bisa miturut paugeran basa utawa para masastra. Tuladha: jejer,wasesa lsp
  3. Nganggite basa gampang dimengerti lan nyenengake (komunikatif)
  4. Susunane panalaran utawa logika runtut ora pating blasur
NGOKO LUGU
      Yaiku basa kang isih asli, murnibares lan tumenem
      Paedahane basa ngoko lugu kanggo wong sing statuse sadrajad utawa luwih cendhek,guru karo murid, wong tuwo karo bocah enom lsp, uga karo wong sing wis kulina banget utawa kanca karo kanca
      Nanging ora kanggo menawasak walikane, tuladha murd karo guru, bocah enom karo wong tuwo lsp
      Tuladha tembung
ü  Merga wis awan kowe saiki kudu mangan neng kene!
ü  Kowe mengko bengi sida turu kene, ta?
ü  Yen ora gelem teka dhewe, ya ora usah diwenehi
NGOKO ALUS
      Ngoko kang dicampuri krama inggil kanggo garwa marang kakunge, ibu marang bapak, wong tuwo marang wong enom nanging pangkat utawa drajade luwih dhuwur
      Nanging ora bisa kanggo sak kuwaliane
      Tuladha tembung
ü  Merga wis awan panjenengan saiki kudu dhahar neng kene!
ü  Panjenengan mengko bengi sida sare kene, ta?
ü  Yen ora kersa rawuh dhewe, ya ora usah dicaosi
ü  Pak lurah wingi jarene gerah, mulane ora sida tindak
KRAMA
      Tembung basa krama sejatine mung cekakan deneng komplite krama lugu. Awujud krama lugu ora dicampuri krama inggil apa dene ngoko lugu
      Kanggo wong sapadha padha kang durung tepung utawa kurang raket srawunge ing pirembugan sajroning parepatan, bawa rasa, sarasehan ngenani kebudayaan lsp
      Tuladha tembung
ü  Amargi sampun siyang sampeyan saikmenika kedah nedha wonten mriki!
ü  Sampeyan mangke dalu tamtu tilem ngriki, ta?
ü  Yen mboten purun dugi piyambak,mboten usah dipunsukani
KRAMA INGGIL
      Krama inggil diarani uga krama alus
      Kanggo rembugan karo wong liya sing luwih diajeni utawa diurmati,
      Kanggo anak marang bapak-ibune, putu marang embah/eyange,murid marang guru, lsp. Dening sapa wae yen wawangunem karo paraga sing pantes diajeni awit luwih tuwo/dhuwur pangkate. Nanging ora kanggo menawa digunaake kosok baline
       tuladha tembung
o   Amarga sampun siyang, panjenengan sakmenika kedah dhahar wonten mriki
o   Panjenengan mangkeh dalu tamtu sare mriki, ta?
o   Yen mboten kersa rawuh piyambak, mboten usah dipuncaosi.




author

Yakobus Rhio Widodo

jangan lupa kunjungi terus yakobusrw.blogspot.com :)

Get Free Email Updates to your Inbox!

5 comments

Anonymous MOD

Many thanks for your kind invitation. I’ll join you.
Would you like to play cards?
Come to the party with me, please.
See you soon...

คาสิโน

คาสิโน

แจกเครดิตฟรี ฝากถอนง่าย

คาสิโน

Reply

Online gambling, the world-class website UFABET ASIA today. with promotion
things from a stable, 100% secure website

Reply

Online gambling, the world-class website UFABET ASIA today. with promotion
things from a stable, 100% secure website https://ufabac.com/

Reply

Post a Comment

Terima kasih telah berkunjung.

Oleh Yakobus Rhio Widodo. Powered by Blogger.

www.CodeNirvana.in

Copyright © Belajar Dari Pengalaman | Distributed By My Blogger Themes | Designed By Code Nirvana