Contoh Pidato Bahasa Jawa di Perpisahan Kelas XII

Wakil Kelas XII
Sugeng siyang, sugeng pepanggihan malih kalian kawula.
Bapak Kepala SMK Pangudi Luhur ingkang kinurmaran, Bapak ibu guru saha karyawan karyawati ingkang kula hormati, Rencang rencang ingkang kula tresnani, Sepindah sumangga kita ngturaken puja puji syukur ing ngarsanipun Gusti ingkang maha kuasa lan tansah paring nikmat sarta hidayah saingga kita saged rawuh ing papan menika tanpa alangan menapa-menapa.
Kula wakil sangking siswa kelas 12 ngaturaken sak agengipun maturnuwun dumateng bapak ibu guru, amargi sampun mbulawantah lan maringi kita ngelmu ingkang manfaat sehingga kita saged lulus kanti hasil ingkang sae.
Kula lan rencang rencang nyuwun pangapunten amargi kita mboten saget dumugi marang sekolah maleh, kula lan rencang-rencang musti nglanjutaken sekolah ingkang luwih inggil.
Kula lan rencang-rencang nyuwun donga pangestunipun bapak ibu guru saha karyawan karyawati supados kula lan rencang-rencang lancar anggenipun makarya utawi nglanjutaken sekolah ingkah luwih inggil saengga cita-cita kula lan rencang-rencang kula saged kawujud nyata.
Kita ngertos ingkang gadah kathah lepat dateng bapak lan ibu guru sedaya, amargi niku kula lan rencang-rencang nyuwun agungipun ngapunten sangking bapak ibu guru amargi wonten ing tigang warsa ngangsu kawruh wonten pawiyatan mriki kula menawi gadhah kwalepatan ingkang dipun sengaja lan mboten di sengaja. Mugi-mugi bapak-ibu guru kersa ngapuntenaken sedaya kelepatan kula.


Cekap semanten ingkang saget kula aturaken menawi gadah lepat lan kurang kula nyuwun ngapunten ingkang sanget.
Pitutur kula tutup kanthi waosan nuwun, nuwun, matursuwun...

Kepala Sekolah
Matur suwun ingkang wekdal saha papanipun. Bapak ibu guru lan karyawan karyawati ingkang kula hormati saha para murid sedaya ingkang kinasih sumangga kita ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti ingkang Maha Agung amargi sampun paring kawarasan saengga kita sedaya saget makempal ing papan menika kanthi baten enteng alangan menapa-menapa.
Kula minangka kepala sekolah ngaturaken matur suwun dhumateng bapak ibu guru lan karyawan karyawati ingkang sampun damping para murid sedaya. Mboten lepat matur suwun kula aturaken ugi para murid ingkang sampun nimba ilmu lan sinau kanthi sregep saengga saged menehi hasil ingkang sae.
Kula namung saged pesen marang para murid supaya mboten sayah anggenipun nimba ilmu lan mugi-mugi saklulusipun saking SMK Pangudi Luhur menika para siswa saged sukses menawi enten ingkang nerusaken nyambut damel utawi nerusaken sekolah.
Sak menika ingkang saged kula aturaken minangka enten kalepatan anggenipun kula matur nyuwun pangapunten.
Matur suwun lan sugeng siyang....




Wakil Guru
Sugeng siyang
Ingkang kinurmaten bapak kepala sekolah ugi bapak –ibu guru lan para karyawan ingkang satuhu luhuring budi lan para siswa ingkang kula bangga-banggaaken. Mangga kita sedaya ngaturaken puji syukur dhumateng gusti ingkang maha agung ingkang sampun maringaken sedaya nikmat lan kewarasan dateng kito sedaya dumugi sak menika kita sedaya saged kempal wonten ingkang adicara perpisahan sak menika.
Kula piyambak ngaturaken matursuwun ingkang sak ageng-agengipun kagem para siswa ingkang sampun sinau ingkang sregeb saengga saget pikantuk hasil ingkang sae. Kula lan bapak ibu guru nyuwun agengipun pangapunten sangking para siswa amargi wonten ing tigang warsa mbulawantah wonten pawiyatan mriki kula lan para guru menawi gadhah kwalepatan ingkang dipun sengaja lan mboten di sengaj .mugi-mugi panjenengan kersa ngapuntenaken sedaya kelepatan kita. Satuhinipun kula awrat sanget badhe nilaraken pawiyatan menika amargi sedaya ingkang wonten dateng menika sampun kados sederek lan kulawarga. Sak menika kula lan guru-guru namung saget dongakaken panjenengan sedaya supados saged sukses anggenipun makarya utawi nglanjutaken ngangsu kawruh.
Kadosipun sampun cekap anggenipun kula matur, bilih menawi wonten kelepatan kula nyuwun agenggipun pangapunten.
Matur suwun, sugeng siyang


author

Yakobus Rhio Widodo

jangan lupa kunjungi terus yakobusrw.blogspot.com :)

Get Free Email Updates to your Inbox!

1 comments:

Post a Comment

Terima kasih telah berkunjung.

Oleh Yakobus Rhio Widodo. Powered by Blogger.

www.CodeNirvana.in

Copyright © Belajar Dari Pengalaman | Distributed By My Blogger Themes | Designed By Code Nirvana